Rizchi hari setiawan Wis Dadi Magister Hukum, Media Group Globalindo Melu Bangga

SIDOARJO — Kabar apik teko dunia pendidikan Rizchi Hari Setiawan, S.H., M.H., saiki resmi nyandang gelar Magister Hukum (M.H.), sakwise sukses ngrampungno pendidikan S2 bidang hukum.

Gelar anyar iki jelas dadi kebanggaan tersendiri gawe Rizchi. Gak cuma soal tambahan gelar nang mburi jeneng, tapi pencapaian iki yo dadi bukti nek perjuangan, kerja keras, lan ketekunan selama kuliah akhirnya mbuahi hasil.

Atas keberhasilan iki, keluarga besar Media Group Globalindo nyampeikno ucapan selamat lan apresiasi kanggo Rizchi.

Pimpinan Media Group Globalindo, Teguh Puji Wahono, S.Psi., S.H., M.H., ngaku bangga karo pencapaian sing wis diraih.

«“Kami atas nama keluarga besar Media Group Globalindo ngucapno selamat lan sukses buat Saudara Rizchi Hari Setiawan, S.H., M.H. atas diraihne gelar Magister Hukum. Iki gak cuma soal pencapaian akademik, tapi yo bukti nek kerja keras, ketekunan, lan komitmen kanggo terus belajar iku gak sia-sia,” ujare Teguh.»

Menurut Teguh, ilmu hukum sing wis didapet Rizchi diharapno gak berhenti sebagai gelar tok. Ilmu tersebut kudu iso digunakno kanggo membantu masyarakat lan memberikan manfaat sing nyata.

«“Mugo-mugo ilmu lan gelar sing wis diraih iki iso dadi bekal kanggo memberikan kontribusi sing lebih besar buat masyarakat lan bangsa. Ilmu hukum kudu iso dadi alat kanggo menegakkan keadilan, njaga kebenaran, lan memberikan manfaat kanggo sesama,” tegasnya.»

Teguh yo berharap keberhasilan Rizchi iki iso dadi inspirasi, terutama buat generasi muda. Nang zaman sing terus berkembang koyok saiki, belajar gak oleh mandek.

«“Gelar Magister Hukum iku kehormatan, tapi sekaligus yo tanggung jawab. Mugo Saudara Rizchi semakin sukses dalam karier lan pengabdian, serta tetap njunjung tinggi keadilan, profesionalitas, lan integritas,” tambah Teguh.»

Keberhasilan Rizchi iki diharapno gak mung dadi pencapaian pribadi. Tapi iso terus dilanjutno lewat karya, pengabdian, lan kontribusi nyata nang tengah-tengah masyarakat.

Selamat lan sukses, Rizchi Hari Setiawan, S.H., M.H.!

Mugo ilmu sing wis diraih gak mung dadi gelar nang mburi jeneng, tapi bener-bener iso dadi manfaat kanggo masyarakat, bangsa, lan negara.



Nang Tunjungan tuku klambi,
Mampir sek nang pinggir Kalimas.
Cak Rizchi wes Magister Hukum iki,
Mugo sukses, jujur, lan terus berkualitas.



Exit mobile version